Showing posts with label njawani. Show all posts
Showing posts with label njawani. Show all posts

June 19, 2014

Ari-ari

Tanggal 5 Mei 2014, ponakanku lair, wadon. Sabubare lairan, nalika isih ana ing Klinik, Bapakne nuli njaluk tulung kanggo golek uba rampe kanggo ngubur ari-ari.  Dudu aku sing golek uba rampe kui mau, nanging sedhulur liya maneh. Aku ora ngerti sapa sing akhire mendem ari-ari kui mau, ananging saiki ari-ari kui mau uwis dipendhem ing ngarep omah, sisih tengen omahe kakangku nganti selapan dinane.

Ari-ari, ing budaya daerahku, Ambarawa lan sak kiwa-tengene, isih diupakara kanthi permadi. Ari-ari kui mau dikubur bareng karo uba rampe liyane kayata kembang, dom bolah, potelot, kertas, kaca cermin,  kembang boreh, dhuwit, miri, uyah lan kain mori putih. Sawise dipendhem, tilas pendemane ditutupi  lan diwenehi lampu nganti selapan dinane.  Babagan upa rampe lan lampu kui mau ana kang menehi teges dhewe-dhewe, ananging  dudu kui mau sing kepingin tak lelimbang.

November 14, 2012

AYO NDHODHOk


Mbokmenawa, perkara kang arep tak kandakake iki ming perkara kang lumrah nanging ora saben uwong uwis mangerteni. Babagan Ndhodhok kang  bener, sehat lan ora akeh ndadekake bangkekan banjur lara. Perkara ndhodhok iki perkara serius nanging uwis akeh uwong saiki ora seneng lan ora kegladi ndhodhok amarga luwih akeh WC lungguh tinimbang WC ndhodhok . Mangkene ceritane.

September 24, 2009

apa sing dipengeti ing Riyaya Bakdha ? (latian-3)


Tulisan iki mula bukane saka omongan ing meja makan. Salah sijining kanca menehi pitakonan, kaya mangkene, ”kira-kira, apa sing dipengeti wong-wong ing Riyaya Bakdha iki ?” Akeh wong padha suk-sukan ing bis, kreta lan montor mabur, kabeh kepingin mulih, bali ing desane ketemu sanak-sedulure.

Siji mbaka siji, kanca sing tak takoni menehi panemune dewe-dewe babagan Bakdha (uga simbahku tak takoni). Apa jan-jane sing paling penting ing Bakdha saengga akeh wong Jawa padha mulih saka paran endi-endi lan bali ing desane ? Ana sing ngandakkae menawa ing Bakdha kui akeh wong padha mulih amarga kepingin ketemu sedulur. Bakdha kui ya pengetan kanggo silaturahmi. Nanging, kanca sing liyane banjur takon, apa bener ? Ana uga kang mangerteni menawa Bakha kui ngemu teges ”lebar pasa” (lebaran). Othak-athik gathuk ?

Amarga saya kepengin mangerteni apa sing dipengeti ing Riyaya Bakdha aku banjur takon mbah Google lan nemu artikel sing rada menehi pencerahan. Artikel kui mau ditulis Pak Martin Lukito Sinaga, salah sijining mantan guruku ing STF Driyarkara. Ing kono, deweke nulis menawa bakdha kui ”momen teologis” kang digondeli lan banjur dadi ”momen kultural” saengga dadi pengetane wong sak Indonesia. ”Momen teologis” kang dijentrengke Pak Martin mangkene. Lebaran utawa Bakdha kui didelok saka kacamata iman kapercayan. Ing mangsa Lebaran, manungsa bali ing ”fitrahe”, yaiku kaya rikala manungsa lair. Miturut ”antropologi” Islam, manungsa kui lair kanthi suci, saengga, pasa ing sasi Ramadhan dilakoni supaya manungsa isa bali maneh ing kahanan kaya pas lahir, yaiku asale, fitrahe.

Lha yen ”momen kultural” sing dimaksud kethok rikala akeh wong jawa, lan uga wong sak Indonesia padha tumplek-bleg mulih ing desane dhewe-dhewe, ana sing ”mudik”, nyembayangake leluure ing sareyan. Ing kene, Islam dudu ”identitas” kang misahake saka sing dudu Islam, nanging dadi dalane urip sesrawungan karo liyan. Lebaran, utawa bakdha banjur dadi dalan ”dialog”, utawa ”festival rakyat” mengeti jiwa kang metu saka bentenging agama. Sing mulih lebaran lan mengeti bakdha kui ya dudu ming wong Islam, nanging wis dadi duweke wong Jawa, wong Sumatra, wong Timor, lan sakpanunggalane. Aku dewe uga ngrasakke bakdha sing kaya ngono kui. Saben bakdha, sedulur-sedulur, embuh apa agamane, padha kumpul ing panggonane simbah lan padha kangen-kangenan. Ing kono, dudu agama maneh sing dipengeti, nanging urip iku dhewe.

Sakliyane takon mbah google, aku uga takon karo kanca sing dadi dosen Islamologi, Heru Prakosa(ora ana link-e, salah sijine tulisane ana ing KENE). Deweke njawab menawa Bakdha, utawa lebaran sing rame kaya mangkene kui pancen mung ditemoni ing Indonesia. Ing negara liya, biasane Riyaya Idul Adha dipengeti luwih gedhe tinimbang Idul Fitri. Kui ngemu teges menawa pengetan Idul Fitri utawa lebaran kui wis dadi ”momen kultural”. Kancaku kui mau ngandakake menawa IDul FITRi kui mengeti fitrah (kodrat) manungsa. Kodrat manungsa miturut Islam kui suci, resik. Manungsa lair suci, nanging ing sajrone nglakoni urip manungsa nyimpang saka Qur’an dan Hadith. Supaya resik maneh, manungsa ngakoni reresik kanthi pasa. Ing pungkasane ramadhan, manungsa kui mau bali ing fitrah. Dadi, menawa lebaran akeh wong sing padha ngucapake "Min al-‘Aidin wa Al Fa’izin" kang tegese “mugi-mugi sederek sedaya kalebet ing antawisipun ‘manungsa kang pikanthuk kemenangan’”. Kui ateges, sakwise telungpuluh dina pasa. Sing sok klera-kleru kui migunaake ukara "Min al-‘Aidin wa Al Fa’izin" dipadakake karo tembung “mohon maaf lahir dan batin”. Tembung loro kui mau digunaake urut, dudu ngemu teges sing padha.

Ing panggonan liya, jare kancaku mau, umat Islam sing umume (dudu ing Indoensia), ing wasananing Ramadhan, bakal uluk salam TAQQABALA ALLAH MINNA WA MINKUM kang ateges Mugi Gusti kersaa nampi sedaya upa daya kita lan panjenengan sedaya ing babagan reresik diri.

Lumayan, entuk sithik pangerten babagan bakdha lan idul fitri. Iso dadi sangu kanggo guneman karo kanca kadang sadaya. Muga-muga akeh kanca liyane sing isa nambahi pangerten bab iki.

sumber gambar saka :
http://upload.wikimedia.org/wikipedia/id/thumb/d/d2/Mudik.jpg/800px-Mudik.jpg

September 15, 2009

cacahe penthil babi wadon (latian-2)

Saben-saben meruhi maneh gambar iki, aku dadi kelingan kancaku sing aran "Bendhot" sing saiki ternak babi. Ora mergo kangen, nanging amarga pitakonane bab cacahe penthil babi wadhon.

Critane mangkene. Ing sakwijining dina, aku merlokkae dolan ing omahe kanca lawas, aran Bendhot, jeneng asline ora usah tak sebutke. Wis kawit mbiyen, aku meruhi menawa bapake Bendhot kui nduweni ternak babi. Rikala aku dolan mrana dheweke lagi ngresiki kandhang babi lan makani babi-babine. Amarga kepengin selak ketemu, aku gage-gage mara ing kandhang babi lan nggoleki Bendhot. Deweke lagi nyemproti kandhang ngganggo selang, sinambi udhut. Jebul, babine lagi wae ana sing manak.

Anak-anak babi kui mau, pating jlerit lan padha playon, malah siji loro ana sing metu seko kandhang. Aku banjur takon, "apa anak babi kui mengko ora dha ilang, metu saka kandhang ?" Jebule, anak babi sing isih cilik kui isih merlokake simbokne, saengga mesti bali menyang kandhang maneh saben arep nyusu. Menawa isih cilik, babi-babi kui mau pancen kethok lucu lan nggemesi, eman-eman menawa ilang.

Amarga isih sakwetara anggone ngresiki lan makani babi, aku banjur ngancani Bendhot ngresiki kandhang sinambi takon bab kahanan sasuwene ora ketemu. Sing tak gumuni, kandhang babi kui mau resik tenan, luwih resik tinimbang luwangan ing sak tengene kandhang. Sing luwih nggumunake, kandhang babi kui mau ora mambu, kaya sing wis tau tak weruhi ing Seminari. Mestine, menawa mambu, Bendhot lang keluargane diprotes karo tangga-teparo. Nanging, wis nganti luwih seka sepuluh tahun, ora ana protes seka tangga teparo babagan mambune kandhang babi. Miturut panemuku, sinaosa urip ing saktengahe kampung in Palur, panggonane Bendhot kui ana ing pinggir kali sing rada deres iline, saengga, regetan saka kandhang langsung keli, dadi kandange ora ngambon-amboni tangga-teparone.

Karo, omong ngalur-ngidul, aku nyoba ngetung cacahe anak babi kui mau. Nanging, aku ora isa cepet ngetung cacahe anak babi kui mau, amarga, saben-saben playon lan saking akehe. Bendhot tak takoni ora njawab, nangin malah ngekei pitakonan mangkene. "Lha nek arep ngetung anak babi, etungen bae cacahe penthile babi kui, terus didelok, isih turah utawa kurang kanggo nyusani anak-anake". Wah, nek ngono, aku kudu ngenteni simboke babi kui mau nyusoni anake. Ora let suwe, babine nyusoni anak-anake. Deweke muter-muter sedhela, ngenteni anak-anake padha nglumpuk, banjur turu miring kareben penthile isa dicakhot anak-anake. Amarga ora wani medhun ing kandhang, saka nduwur aku njupuk gambare babi kui mau.

Ing foto, aku ngetung menawa anak babi sing nyusu ana rolas. Lan isih ana siji sing ora kumanan penthil. Berarti, babi iki anake telulas, embuh menawa pas lair luwih akeh. Pancen bener, anak babine cacah telulas, berarti cacahe penthil babi kui cacah rolas. Lha terus babi sing siji mau kepriye ? Jebul, ana babi liane sing uga bubar manak. Anake luwih setithik. Banjur anak babi kui mau dititipke marang simbok sing liyane kanggo nyusu. Jan-jane, babon babi mau ngerti menawa ana anak babi liya sing teko neng nggone deweke, lan biasane digusah, ora diolehake melu nyusu. Nanging, menawa lagi turu miring lan nyusani anak sing akeh, babon kui mau ora patia ngerteni, sapa wai sing nyusu. Pas ngono kui, anak babi sing ora kebagian penthil kui mau dititipke babon lia.

Seprene, aku dadi kelingan menawa ana sing takon cacahe penthil babi wedhok, yaiku nembelas. Kok isa ? Apa ora rolas ? Jebule, sing tak delok mau ming anake babi, dudu cacahe penthil babi. Jare Bendhot (lan aku percaya bae), cacahe penthil babi kui nembelas, nanging amarga nggone kecedhaken, ora cukup kanggo nembelas anak babi menthil bareng-bareng. Panggonane mung amot kanggo rolas anak babi. Dadi, anak babi rolas kui ora mujudtake cacahe penthil babi sing rolas, nanging amarga panggonan kanggo nyusu kui ming ciut. Embuh sing bener ngendi, nanging aku isih percaya karo kancaku kui mau, menawa cacahe penthil babi kui ana nembelas. Apa ana sing ora percaya ?

September 07, 2009

bolpoin saka Suwis (latian-1)

Dina iki, ana wong menehi aku bolpoin sing ceklekane empuk tenan, arane CARAN d’ACHE. Lumantar bolpoin kui, aku malah ngalami sing sok dikandakkake babagan paradigm shift.

Ceritane mangkene. Wis patang dina iki, ing ngomahku ana landha loro, lanang wadon, seko Suwis sing nginep. Landha kui isih sedulur karo Rama Casutt, sing manggon sak omah karo aku. Saben dinane, aku mesti tlisiban karo landha kui mau amarga wiwit jam setengah pitu esuk aku kudu wis budhal menyang sekolahan, lha landhane lagi tangi jam setengah wolu esuk. Sorene, aku mulih jam papat lan wis ora weruh landhane kui, mbuh dolan menyang ngendi. Paling-paling, saben mangan bengi, aku ketemu amarga mangan bebarengan wong sak omah.

Amarga seko Swiss, landhane sing lanang ora patiya iso cecala mawa basa inggris, ming nggrungokke. Saben saben, landhane sing wedhok ngewangi sing lanang anggone cecala. Pikirku, jebul ora kabeh landha iso basa Inggris, ming padha karo wong kene. Malah wong Indonesia sing sekolah mesti isa basa Inggris. Apese wong Jawa sing sinau basa Inggris nduwe kaluwihan isa basa luwih akeh, kayata basa Jawa iku dewe, basa Indonesia lan basa Inggris. La, nek wong Suwis kui mau, basa sing dinggo omongan saben dinane basa Jerman-Suwis.

Sanajan ora patiya iso basa Inggris, landha lanang kui mau tansah mesem lan aruh-aruh saben ketemu aku. Amarga aku yo ora iso basa Jerman, lan deweke ora patiya iso basa Inggris, saben ketemu, aku lan deweke ming ketemu guyune. Deweke ngguyu marang aku, aku yo ngguyu marang deweke. Aku ngerteni menawa deweke arep sapa aruh marang aku, semono uga aku. Kadadeyan kaya ngono kui meh tak lakoni saben dina.

Dina minggu esuk, aku sengaja tangi radha awan amarga prei. Jam wolu kliwat sepuluh menit aku medhun arep sarapan. Jebul, ing meja makan wis ana landha loro kui. Wah, iki sing tak tunggu, aku iso sinau omong karo landha langsung, mangkono pikirku. Sambi sarapan aku nyoba ngejak omong landha loro kui. Jebul ora gampang amarga aku dewe ora patiya lancar omong nganggo basa inggris, semono uga landhane. Pating grothal grathul ora karuan, nanging tak kira dheweke yo mudheng sing tak karepke. Akhire, aku bali maneh ngganggo basa eseman.

Ing dina liyane, sing mangan bengi ana ing ngomah ming wong papat, aku, Rama Casutt lang landha loro kui. Ing sakjrone acara mangan, aku ming ngrungokke landha loro lan Rama Casutt dha celathu nganggo basa Jerman-Suwis. Basa Jerman, ing film-film, biasane biasane keprungu kaya suara Jaran. Nanging basa Jerman sing digunaake landha loro kui mau beda, luwih alus suarane. Aku dewe sok-sok ming arep melu ngguyu, nanging luwih akeh bingung, arep melu ngguyu utawa ora, amarga ora mudheng sing diomongke. Iso dibayangke, menawa aku malah sing kaya jaran. Kaping pisan-pindho, Rama Casutt melu nerangake nganggo basa Indonesia utawa Inggris, nangin luwih akeh aku mung anteng amarga ora ngerti sing dikarepke. Kadadeyan kaya ngene iki sing miturutku ora mungkin kelakon ing antarane wong jawa. Menawa ana wong jawa loro lagi omong-omongan lan ana wong liya teka lan dudu wong jawa, mesti wong jawa kui mau enggal-enggal ganti basa lan nganggo basa sing uga dimangerteni wong sing nembe teka mau. Beda karo sing tak alami. Apa iki ateges menawa wong jawa kui luwih gampang nrima tekane wong liya ing antarane ? Ing kene, aku banjur krasa mongkog amarga wong jawa kui jebulane yo nduwe tata cara sing adi luhung yaiku nguwongake. Wong anyar, wong sing dianggep ora ngerti, wong sing bedha, kabeh kui gampang ditrima lan didadekake sedulur amarga diuwongke utawa dianggep uwong. Ewasemono, rasa mongkogku kui ora ngurangi rasa ormatku marang landha loro kui mau.

Sabubare kadadeyan kui mau, aku ora gampang mlebu ing sakjrone omong-omongane wong landha loro kui, paling-paling yo esem-eseman nganti tekan sore mau. Ing acara mangan bengi mau, landha kui menehi bolpoin biru sing tulisane CARAN d’ACHE, swiss made marang kabeh wong sak omah. Bolpoin-e bentukke biasa, malah kaya bolpoin dolanan cah SD. Bali maneh, aku banjur mikir, bolpoin bae kok diwenehake dadi barang kenang-kenangan. Ana ing kene, bolpoin wis akeh lan model-e mawarna-warna. Amarga pancen ora ngerti, aku mesem lan kadha matur nuwun banget amarga wis diwenehi bolpoin.

Ing kamar, aku banjur ngothak-uthik bolpoin kui mau, tak bukak lan tak ilang-iling. Jebul luwih abot tinimbang bolpoin CINA sing mlebu neng Indonesia. Tak coba kanggo nulis lan tak ceklak-ceklekke, jebul luwih empuk lan alus. Wah, bolpoin apik iki. Ora puas, aku banjur nggoleki berita babagan bolpoin mau. Aku banjur takon marang mbah gugle lan nemokae alamat http://www.carandache.ch/m/les-instruments-d-ecriture-et-accessoires/index.lbl Lha dhalah, jebule iki bolpoin apik.

Ing alamat kui mau, ditulis maneka warna babagan merek CARAN d’ACHE ing donya piranti nulis. Jebule iki bolpoin kui mau bolpoin sing khas seka Suwis lan dudu barang pinggir dalan. Aku luwih percaya maneh rikala salah sijining kanca omong menawa bolpoin kui regane menawa dirupiyahke antawis limangatus ewu. Duwit semono kui, menawa dinggo tuku bolpoin sing biasa tak nggo iso entuk 200 bolpoin, nganti sak kemenge tanganku nulis, ora bakal entek. Ora let suwe, aku banjur nduwe pikiran sing liya maneh. Jebule, landha loro kui mau ora ming waton nggowo bolpoin nanging nggawa barang sing pancen dadi barang cirining wong Suwis. Aja-aja iki salah sijining ciri wong landha, ora ngetokake kaluwihan utawa gebyar ing njaba nanging kualitas sing apik. Kayata bolpoin kui mau, bentukke kothak, kaku, dudu bolpoin sing disenengi mata, nanging menawa diilang-iling kanthi teliti, barang kui mau kethok menawa dudu barang sembarang, digawe kanthi tliti.

Pancen beda karo budaya jawa. Wong jawa kui sing penting wujute, blegere lan apa sing kethok ing mata. Sing disawang kethok edi peni, luwih becik tinimbang sing disawang ketok reget lan mboseni. Seko rong perkara, siji babagan wong jawa sing gampang nrima tekane wong anyar lan loro babagan wong landha sing seneng barang miturut gunane, aku mengertening kaluwihan budaya siji lan sijine.

Ing babagan liya ana uga kekurangane budaya, budaya manca lan ugi budaya jawa. Budaya jawa kui ora biasa ngudhal rasa ing ngarepe wong liya utawa ing ngarepe wong akeh. Menawa ora seneng utawa orang cocok, wong jawa ora banjur omong nanging nrima lan nglelimbang, piya carane sing bener lan pener, lan kapan anggone omong karo wong liya. Babagan kaya mengkene iki sing ora gampang dimangerteni wong manca. Semana uga, budaya manca sing ora cepet gampang srawung karo wong anyar kui yo ora gampang ditrima wong jawa sing mesti grapyak lan seneng ketemu owong anyar.
*** gambar dijupuk saka : http://flickr.com/photos/26855267@N05/3170417079/

Powered by Blogger.